Tulisan tulisan lama tuh jangan dibuang. Karna yang namanya merangkai kata tuh ada jerih payah tersendirinya. wkwk. Apalagi bahasa jawa. Bagi yang ingin mengucapkan selamat datang untuk para hadirin. ini contohnya.
Atur Pambagyaharja
Assallamu’alaikum Wr.Wb.
Dhumateng panjenengan para sesepu
lan pinesepuh ingkang satuhu kinabekten. Para alim ulama lan para pengemban
pengebaning praja ingkang dalah kinurmatan. Para tamu kakung sumawana putri
ingkang tansah kula hormati. Saha para kadang wreda mudha ingkang tansah
karahayon.
Wonten ing pepanggihan menika,
sumangga kita sedaya tansah dherekaken puja –puji syukur wonten ngarsanipun
Gusti Ingkang Maha Agung ingkang tansah paring kanikmatan saha karahmatan
dhumateng kita sedaya saingga saget kempal wonten ing adicara menika kanthi
raharja niring sambikala.
Bapak saha Ibu ingkang dalah
kinurmatan. Kaparenga kula matur, bilih wonten ing kalodhangan menika, kla
badhe mestuti dhawuh kersanipun Bapak Gideon Tengker pinangka talanging basa
sulih salira.
Para kakung sumawana putri ingkang
tansah kula hormati. Wonten ing pepanggihan menika, kula pinangka sulih
salianipun Bapak Jalaludin ngaturaken sugeng rawuh dhumateng panjenengan
sedaya. Mugi para rawuh kersa lenggah kanthi mardikaning penggalih.
Saklajengipu Bapak Gideon Tengker lumantar kula ugi ngaturaken agunging panuwun
kagem sedaya amargi sampun kersa nglonggaraken wekdal kagem adicara punika.
Para sedherek ingkang kinurmatan.
Kedah kita mangertos bilih ing kalodhangan menika Bapak Gideon Tengker badhe
malakramakaken putrinipun ingkang sesilih Nak Ayu Nagita Slavina, kadhaup
kaliyan nak bagus Rafii Ahmad ingkang ijab kabulipun sampun dipunlampahaken ing
wanci 8 enjing.
Awit saking menika, Bapak Gideon
Tengker lumantar kula, nyuwun donga
pengestu panjenengan sedaya supados anggenipun bebrayan para pinanganten saget
dados kaluarga ingkang sakinah, mawadah, warahmah, lan migunani kangge agama,
tiyang sepuh ugi negara.
Para kakung sumawana putri ingkang
kinurmatan. Wonten ing kalodhangan menika, Bapak Gideon Tengker nyuwun
panjenengan supados kersa ngrantos pawiwahan menika wiwit purwa dumugi wasana.
Bapak Gideon Tengker ugi nyumanggakaken para rawuh sedaya supados kersa ngedapi
pasugatan ingkang cumawis sakwontenipun.
Bapak Ibu ingkang kinrmatan. Cekap
semanten anggenipun kula matur. Bapak Gideon Tengker kaliyan kaluarga lumantar
kula nyuwun pangapunten dhumateng para rawuh
menawi anggenipun nyumanggakaken para rawuh tasih kathah kekirangan. Ugi
kula pinangka sulih saliranipun Bapak Jalaludin ugi nyuwun panapunten mbok
bilih wonten kathah kalepatan anggenipun matur ingkang dipun sengaja utawi
mboten sengaja. Mugoa para lenggah sedaya saget paring angunging pangapunten.
Wassallamu’alaikum Wr.Wb.
Eka
Putriyana Widyastuti/08/XII MIA 1
0 komentar:
Posting Komentar