Edu Fair SMA N 1 Wates, Paring
kathah manfaat kagem para siswa kelas 12 SMA N 1 Wates
Jum’at, 29 Januari 2015, SMA N 1
Wates karawuhan alumni lulusan tahun 2014/2015. Para alumni sakmenika dhateng
wonten ing SMA N 1 wates menika mboten badhe ngurusi berkas-berkas ingkang
dereng kaurus kados biasanipun. Ananging para alumni menika sami sareng-sareng
paring informasi bab perguruan Tinggi. Informasi menika dipunandharaken ing
seminar ingkang dipunwastani Edu Fair SMA N 1 Wates. Wonten ing seminar menika,
para alumni ngandharaken maneka warna informasi bab perguruan tinggi saking
cara perndaftaran, prodi, akreditasi ngantos biayanipun. Para alumni ingkang
ngentu menika dhateng saking maneka warna Perguruan tinggi Negeri utawa Swasta.
Dados, wonten ing seminar menika para siswa kelas 12 SMA N 1 wates ingkang
tumut wonten seminar edu fair menika saget anggadhahi informasi-informasi
saking maneka warna perguruan tinggi ingkang dipunandharaken para alumni.
“Kula remen sanget awit kawontenan
adicara Edu Fair SMA N 1 Wates menika. Amargi kula dados saget tuker pengalaman
bab perguruan tinggi kalian para alumni. Saingga kula saget gadhah
informasi-informasi ingkang penting bab perguruan tinggi.” ngendikanipun
Salmaa, salah satunggalipun siswa kelas
12 SMA N 1 Wates ingkang tumut ing seminar Edu Fair SMA N 1 Wates menika.
Mboten namung adicara seminar Edu
Fair SMA N 1 Wates kemawon ingkang dipunselenggarakaken para alumni SMA N 1
Wates. Ananging para alumni menika ugi mbikak stan-stan alit ing ruang-ruang
kelas SMA N 1 Wates ingkang saben stan menika nyediani maneka warna
brosur-brosur ingkang wosipun ngemot informasi bab perguruan tinggi. Saben stan
menika kaisi setunggal perguruan tinggi. Ing dinten menika kirang langkung
wonten sedasa luweh stan ingkang dipun damel para alumni. Inggih menika stan
UNY, UNS, UGM, Poltekes, STAN, STIS, UII, UAD, UPN, Undip, UIN,UMY lan
sakpanunggalanipun.
Para siswa ingkang badhe mangertos informasi-informasi
menika, saget dhateng ing stan-stan perguruan tinggi menika miturut
karemenanipun para siswa. Lajeng, para siswa menika, saget mendhet
brosur-brosur ingkang sampun wonten in stan-stan menika. Para siswa ugi saget
tanglet informasi kaliyan para alumni ingkang njagi stan menika.
Adicara Edu Fair menika pancen
nggadhahi manfaat langkung sae kagem para siswa kelas 12 SMA 1 Wates. Awit
saking menika para siswa saget gadhah gambaran-gambaran bab perguruan tinggi
ingkang badhe dipuntuju sak sampune lulus saking SMA N 1 Wates. Kabukti saking
antusiasipun para siswa saking adicara Edu Fair menika.
Eka Putriyana
Widyastuti/08/ XII MIA 1
0 komentar:
Posting Komentar