Minggu, 25 September 2016

Published September 25, 2016 by with 0 comment

Kenangan Sesorah pas Sma. Cah komunikasi kie yo kudu iso sesorah barang kok. po meneh wong jawa


Assalamuálaikum Wr.Wb

Dhumateng Bapak saha Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan
Dhumateng Bapak saha Ibu Dewan Juri ingkang  tansah kinurmatan
Saha para kanca ingkang tansah kula tresnani


Langkung rumiyin, sumangga kita panjataken Puji lan Syukur dhumateng Gusti ingkang maha kwaos, Ingkang sampun paring karahmatan ugi paring hidayahipun, saingga ing dinten menika kita saget makempal manunggal ing papan punika kanthi raharja nir ing sambikala.
Bapak saha Ibu ingkang tansah kula hormati, saha para rencang ingkang kula tresnani
            Wonten ing dinten menika, kita sedaya nembe mengeti dinten lahiripun Raden Ajeng Kartini. Pramila, sumangga kita sedaya tansah  mituladhani sosokipun RA Kartini ugi tansah ningali sosok sosok kartini ing Zaman Globalisasi punika.
 Para sedherek ingkang tansah kula tresnani
Kita mangertos bilih Raden Ajeng Kartini menika minangka pejuang kaum wanita sampun paring kathah tuladha dhumateng sedaya kaum wanita ing Indonesia. Sosokipun kartini ingkang luhur lan utama menika sampun ndongkrak nasibipun kaum wanita ing jaman penjajahan. Rikala jaman panjajahan ingkang paring derita ugi paring kasusahan kangge para kaum wanita, sampun dipun babas tuntas kaliyan Raden Ajeng Kartini
Bapak Saha Ibu ingkang tansah kinurmatan, saha para kanca ingkang tansah kula tresnani
            “Habis Gelap Terbitlah Terang” Perjuanganipun Raden Ajeng Kartini kangge mujudaken emansipasi wanita, sampun paring kasil ingkang saestu sae. Awit wontenipun emansipasi wanita ing jaman penjajahan, sampun paring kabebasan dhumateng para wanita ing Indonesia kangge nggayuh menapa ingkang dipun impek-impekaken, dipunidam-idamaken lan dipuncita-citakaken yaitu Pendidikan ingkang sae, kadudukan ingkang sami kaliyan priya, uga saget nderek kegiatan-kegiatan ing maneka warn.bidang lan sakpunanggalane
Para sedherek ingkang kula mulyakaken
            Wonten ing era globalisasi menika,  Kabebasan kangge para wanita kangge nggayuh menapa ingkang dipun idham-idhamaken saestu sampun dipunginakaken para wanita Indonesia kanthi sae. Emansipasi ingkang dipunperjuangaken ing jaman penjajahan sampun mboten perlu dipunperjuangaken malehing jaman punika. Amargi, ing jaman punika, ing jaman Globalisasi, para wanita sampun sami derajat, lan kedudukanipun kaliyan para piyantun kakung. Para wanita sampun bebas milih menapa pedamelan ingkang dipunimpikaken ugi gadhah tanggung jawab ingkang sami kaliyan priya. Sri Mulyani minangka menteri ekonomi ingkang sampun nyelamataken negari saking krisis moneter jilid II, susi susanti kang damel aruming negari saking prestasipun, Anggun C Sasmi ingkang sampun sukses ing bidang musik, uga para wanita sakliyanipun ingkang sampun paring bukti menawi kagungan derajat, kedudukan, prestasi lan tanggung jawab, ingkang mboten kalah kaliyan priya.
Para bapak saha ibu ingkang tansah kula hormati....
            Sampun kathah sosok-sosok kartini modern ingkang gesang wonten ing zaman Globalisasi punika ingkang gadhah maneka prestasi. Ananging para sedherek sedaya, perlu dipu gatosaken, menawi dados sosok Kartini ing zaman Modern menika, mboten namung nginggilaken prestasinipun lan kebebasanipun. Ananging uga kedah eling kaliyan kodratipun minangka wanita ingkang dipuntitahaken kaliyan Gusti Ingkang Maha Kwaos dados tiyang ingkang anggadahi sikap sae, alus, lembah manah,  abdi dhateng keluarga saha luhur,  utama lan Tundhuk dhateng Gusti ingkang maha kwaos. Pramila para sedherek terutami tiyang putri, kita kedah nuladhani sosok kartini , sumangga dados wanita modern ingkang berprestasi uga lembah manah, becik tumindakipun lan sae agamanipun.
Cekap sementen atur kula, mbok bilih wonten lepat ingkang kla sengaja utawi mboten kula sengaja, kula nyuwun agunging pangapunten.

Wassalamu’alaikum WR. WB.
    email this       edit

0 komentar:

Posting Komentar